Wawancara Bahasa Jawa
Oleh gawean sekolah, gawe wawancara karo bakul sate pitik. Tugas utowo gawean iki soko guru Bahasa Jawa minongko tugas mandiri. Wawan rembug iki biso kaleksanan yen ono wong sing ditakoni minongko nara sumber lan wong sing nakoni minongko reporter. Kanggo poro konco sekolah SMP sing entuk gawean koyo aku ngene iki ayo podho sinau bareng babagan ngangsu kaweruh Boso Jowo mligine Wawancara utowo wawan rembug. Kebeneran aku entuk gawean soko guruku sing irah irah-irahane yoiku Wawancara karo bakul sate ayam. Mugo-mugo kanthi gawean iki aku lan poro nomnoman biso nambah kaweruh lan biso uri-uri babagan boso Jowo lan sing paling utomo biso nglestrekake ojo nganti ilang jawane. Monggo kito iling-iling lan semak wawancara iki sing wis tak lakoni iki.
Pemera :
1. Bakul sate : Pak Joyo
2. Pewawancara : Hasan
Hasan : Assalamualaikum pak !
Pak Joyo : Waalaikum salam. Kadingaren le, ono wigati opo ?
Hasan : Inggih pak, wonten sekedik.
Pak Joyo : Yo, ono opo cobo ngomong wae.
Hasan : Anu pak, badhe wawan rembug kaleh pak Joyo, punopo saget pak?
Pak Joyo : Oooo.. yo.. le entuk. Ayo mlebu lan lungguh kene dhisik.
Hasan : Inggih matur nuwun.
Pak Joyo : Pitokon bab opo le ?
Hasan : Pak Joyo sadean sate ayam puniko wiwit tahun pinten nggeh ?
Pak Joyo : Oo.. iku to. Aku dodol sate saelingku yo udokoro tahun 1999.
Hasan : Rencang sedoyo wonten pinten pak ?
Pak Joyo : Yo mung aku karo bojo bae le !
Hasan : Buka wiwit jampinten ngantos tutup warung puniko ?
Pak Joyo : Buka udokoro jam 11 awan lan tutup jam 10 bengi.
Hasan : Saben dinten ngantos ayam pinten kathahe ?
Pak Joyo : Ora akeh le. Yo sawetoro akehe ono 5 pitik.
Hasan : Nate rugi pak ?
Pak Joyo : Rejeki sing ngedung Gusti Allah le, ono kalane bathi yo ono kalane bathi, sing penting disyukuri bae paringane Gusti Allah.
Hasan : Kaweruh babagan bumbu kangge sate meniko saking pundi pak?
Pak Joyo : Iki dudu rahasia meneh le. sebab kaweruh utowo ilmu bumbu sate iki yo soko bapakku biyen,
Hasan : Pak Joyo ngapunten, kasile sadean sate ayam kangge nopo nggeh ?
Pak Joyo : Oalah le, yo kanggo keprluane saben dino koyo to, ragate sekolahe anakku, nggo kebutuhan pawon, luwihe nggo di simpen.
Hasan : Pak Joyo matur nuwun sedoyo warto ingkang sampun bapak ngedikakaen, mugi mugi sate ayam pak Joyo tansah laris.
Pak Joyo : Amiin.
Hasan : Assalamualaikum
Pak Joyo : Waalaikumsalam
Semene wae , mugo-mugo ono guno faedahe kanggo konco-konco.
Salam
Oleh : Taryono Pelabuhan Canggu