Wawancara Bahsa Jawa
Monggo kito sedoyo nguri uri babagan bsoso Jowo ben ora punah utowo luntur ing poro kawulo mudho. Amargo wis katon jaman saiki akeh nom-noman sing wis wegah ngomon Jowo yen lagi sesrawungan sing podho jowone. Mulane aku posting wawancara Bahasa Jaw Dengan Penjual Sate Ayam iki minongko wujude uri-uri boso Jowo, Wawancara utowo wawanrembug boso jowo iki kanggoku pancen gawean sing angel, senajan aku lan kulowargo yo asli wong jowo. Wong jowo sabendinane yo ngomong jowo, sing jowone wis ora tulen (murni). Yo iki sing ndadekke aku rodo rikuh utowo iwuh. Wawanrembug iku tegese kedadean takon pitakon sing sipate nggolek warto kanggone sing takon. Biso kanggo pegawean soko sekolahan utowo pawiyatan luhur ( kuliah ) ugo biso kanggo awake dhewe minongko tambahan kaweruh kanggo nyobo/niru gawean wong liyan sing diajak wawanrembug mau. Wawancara iku biso kelakon yen ono sipitakon (reportase) lan ono sing ditakoni ( nara sumber ).
Boso jowo ben ora musno, Senajan Ulah bosoku iki ora toto.
Wawanrembug Boso Jowo karo sing dodol sate ayam.
Bakul sate : Pak Tirto
Pewawancara : Eko
Eko : Assalam mualaikum, Sugeng enjing Pak !
Pak Tirto : Waalaikum salam, monggo nak,
Eko : Ngapunten Pak Tirto, nami kulo Eko, badhe wawanbrembug kalih Pak Tirto angsal nggih pak?
Pak Tirto : Oh yo.. oleh ora opo-opo. Piye......,,
Eko : Pak Tirto sadean sate ayam puniko sampun dangu nggih pak ?
Pak Tirto : Wis le. Sawetoro kurang luwih 10 tahun.
Eko : Bumbu kangge ngolah sate kados ngaten puniko kaweruh saking pundi pak ?
Pak Tirto : Jan jane Ilmu utowo kaweruh bumbu ngene iki aku entuk soko jenate bapakku biyen. Amargo bapakku yo tukang sate koyo aku iki.
Eko : Sadean wiwit jam pinten Pak ?
Pak Tirto : Sing ajeg yo jam 11 awan sak rampunge toto toto lan olah-olah.
Eko : Oo... ilmu turun tumurun ngih ! Pak Tirto kagungan rencang pinten menawi sadean ?
Pak Tirto : Aku dhewe karo ibu ( bojoku ) wae.
Eko : Sedinten pikantuk langkungan utawi bathi pinten ?
Pak Tirto : Yo ora mesti le. Yen Gusti Allah maringi rejeki yo bathiku nganti Rp. 175.000 ,-
Eko : Pak matur nuwun wawanrembug ipun. mugi-mugi bapak pikantuk rejeki ingkang maler saking Gusti Allah.
Pak Tirto : Amiin.
Eko : Assalam mualakum !
Pak Tirto : Waalaikum salam
Oleh : Taryono Pelabuhan Canggu