Langsung ke konten utama

Surat Bahasa Jawa untuk Ayah dan Ibu di rumah

Surat Bahasa Jawa
https://gundulku2.blogsptot.com
 semarang, 8 Januari 2019



Assalamualaikum Wr. Wb.


Katur dhumateng Bapak lan Ibu ing dalem  Mojokerto.

Bapak lan Ibu  ing Mojokerto, kados pundi pawartos penjenengan kekalih ?  Ingkang kulo suwun mugi-mugi bapak lan ibu tansah pikantuk seger kasaran saking Gusti Allah SWT.
Kulo ugi mekaten, wonten Semarang  inggih  tansah seger saras sami, lan kangen sanget dateng bapak lan  ibu pepunden kulo.


Bapak lan ibu ingkang kawulo bekteni lan ugi kulo wigatosaken sedoyo dhawuhipun, kulo badhe matur, mbok bilih sasi Maret ngajeng kang putri boten saget wangsul dateng Mojokerto, awit saking kathahe pendamelan ing pawiyatan luhur ( kampus ) boten saget dipun tilaraken. Pramilo kulo nyuwun dongo pangestu panjengan mugi-mugi  anggen kulo ngangsu kaweruh ing Semarang, mugi tanhsah lancar boten wonten setunggaling rubedo lan enggal rampung lan mboten nguciwani panjengan kekalih. InsyaAllah sasi Mei sanget wangsul dateng Mojokerto

Bapak lan ibu ingkang kulo tresnai, cekap semanten anggen kulo matur wonten layang puniko, lan mbokmenawi wonten sastro lan boso kulo kang kurang toto kang putri penjengan, nyuwun agunging pangaputen. Nuwun

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Kang Putri

Malida Yuri Cantika


Oleh : Taryono Pelabuhan Canggu